Monday 5 August 2013

PANDAWA LIMA


PANDHAWA

Prabu Pandhu Dewanata kagungan putra 5 kakung sedaya.Inggih punika : Puntadewa, R Werkudara, R.Arjuna,(ibunipun asma Dewi Kunti), Nakula, Sadewa (kembar ibunipun Dewi Madrim).
Putra 5 kakung sedaya dipun westani Pandhawa utawi Pendhawa Lima.
  1. PUNTADEWA = Yudhistira=Darmawangsa=Darmakusuma=Kantakapura=Gunatalikrama=Samiaji
Watakipun : jujur, sabar,manahipun suci,luhur bebudenipun,remen tetulung,tresna dhateng sesami,lugu,gampang tuwuh welase,lilan atine,berbudi bawa leksana,prasaja,adil, ora cidra ing janji.
Puntadewa ratu ing Ngamarta.Pusakane Jamus Kalimasada.
  1. RADEN WERKUDARA=Bima=Bratasena=Bayusuta=Dandun Wacana=Kusuma Waligita
Watakipun : jujur, manahipun suci, ngajeni dhateng guru, remen tetulung, kendel,sing gawe ala diperangi,sing gawe becik dianggep sedulur,ora gampang miyur.
Werkudara ratu ing Jodipati.Pusakanipun Kuku Pancanaka, kekiyatan angin, Gada Rujakpala.
       3.ARJUNA=Janaka=Premadi=Partatanaya=Pandhuputra=Kumbawali=Margana=Kuntadi=Indratanaya=Prabu Kariti =Palgunadi=Dananjaya
Watakipun : remen tetulung,remen tapa,luhur bebudenipun, kendel,alus
Arjuna ratu ing Madukara
4.NAKULA=Raden Pinten.Monjo babagan tetanen
5.SADEWA=Raden Tangsen.Monjo babagan raja kaya
Nakula Sadewa ratu ing Mandaraka
Nakula Sadewa watake :bekti marang sedulur tuwa,askitha,pinter nambani lelara warna-warna

PANDHAWA watake : Berbudi bawa leksana,seneng gawe becik, ambeg paramarta,wani ngalah, jujur,adil
SATRIYA watake : alus, luhur bebudene,seneng tetulung.
BUTA watake : kasar, gumedhe,dak wenang.Adigang,adigung,adiguna.

WATAKE WAYANG
KRESNA : pinter,aweh wewarah
BALADEWA : ladak,brangasan.
SEMAR : prasaja,pinter momong
RAHWANA : culika
ANOMAN : setya tuhu,bekti.
GATHOTKACA : kendel, jujur.
SETYAKI : kendel,setya tuhu.
DRUPADI : setya marang garwa.
CAKIL : methakil, ngrebut duweke liyan.
SRIKANDHI : kendel, trengginas.
 
WUJUDE AWAK
Ndhungkluk : sabar,ngati-ati
Ndengangak : brangasan,gampang nesu.
Mendelik/ mrongos : galak.


No comments:

Post a Comment